Nama : Lia Fitriana.
NIM : 113511047.
Kelas : TBI 6A.
السلام عليكم وراحمة الله وبراكا ته
الحمد لله ربِّ العالمين وبه
نستعين وعلي امرالدني والدين و الصلاة و السلام علي اصرف الا نبياؤ و
المرسلين وعلي اله وصحبه اجمعين .
Dumateng panjenengan bapak Sudjai ingkang kawulo hormati, selaku
dekan Fakultas Ilmu Tarbiyah lan pendidikan.
Lan Dumateng panjenengan ibu Maftukhah ingkang kawulo hormati,
selaku dosen mata kuliah islam dan kebudayaan jawa.
Mboten kesupen mahasiswa-mahasiswi IAIN ingkang minulyo.
Sakderengipun kulo matur, monggo kito sedoyo muji syukur wonten ngarso
dalem Allah S.W.T. kanti waosan
“Alhamdulillah wa Ssyukurillah” bilih menopo wonten ing wekdal enjang
puniko kito sedoyo di paringi kesehatan sahinggo kito saget rawuh, saget
makempal ing majlis ing kang InsyAllah mubarok niki.
Ingkang kapeng kaleh waosan “ Allahumma sholli ‘Ala sayyidina
Muhammad” mugio katur dumateng junjungan agung kito, Nabi Muhammad S.A.W ,
ingkang kito tansah ajeng-ajeng syafa’atipun eng benjang dinten kiamat, lan mugiyo
kito sedanten termasuk golongan umat ingkang angsal syafa’atipun.
Saklajengipun kulo ing mriki bade ngaturaken sekedik bab “ Tholabul
Ilmi “.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati!
Ing wekdal enjang puniki kulo lan panjenengan sedoyo, ninggalaken
griyo, ninggalaken aktifitas ingkang biasanipun di laksanaken, kangge rawuh,
lan makempal kanggge mirengaken pengaosan. Mas, mbak, ing enjeng wekdal meniki
kito samio niat ngaji, niat ngibadah dateng ngarsanipun Allah S.W.T, keranten
pancen kito sedoyo niku tiyang Islam, lha tiyang islam niku dipun wajibaken
madosi ilmu. Kanjeng Nabi dawuh;
طلب العلم فريضة علي كل مسلم والمسلمةٍ
Ingkang artosipun
Madosi ilmu nikui dipun wajibaken /fardhuaken tumerap saben-saben
tiyang islam jaler lan estri.
Sangking hadits puniko, sampun jelas geh. Nek madosi ilmu niku
merupakan proses engkang serba terus menerus mboten wonten batasan wekdal,
wonten pundi mawon lan sanes-sanesipun. Dados senajan tiyang niku mpun sepuh,
mpun untune entek, geh taseh dipun wajibaken madosi ilmu ngantos sedo, ngantos
di kubur.
Poro rawuh ingkang kawulo hormati!
Tiyang niku nek mboten gadah ilmu, mas, mbak niku ngibadahi kirang
sae ing ngarsani Gusti Allah. Senajan tiyang niku ngibadahe sregep, mempeng,
nek mboten gadah ilmu niku geh tiwas bal geduwal.
و كلُّ منْ بِغَيرِعلم يعْملُ اعما لهُ مرْ دودةٌ لا تقْبلُ
Tiyang niku nek mboten gadah ilmu meniko , ngamalipun kurang sae
dening Allah Ta’ala, Marduudatun la tuqbalu, pramilo sangkeng meniko monggo
poro rawuh sedoyo, terutami kito sedoyo generasi muda-mudi, monggo kito
tingkataken anggen kito sinau, supados benjang angsal ilmu ingkang katah lan
manfaat soho ilmu ingkang saget beto bahagia
lan wilujeng donyo akhirat. Niki cocok kalian dawuhipun Allah S.W.T teng
Al-Quran surat Al-Mujadalah ayat 11;
يرفع الله الذين ا منوا منكم والذين اوتوا العلم درجا ت
Arto sipun;
Allah bade ngangkat derajatipun tiyang-tiyang ingkang beriman lan
tiyang-tiyang ingkang gadahi ilmu dateng pinten-pinten derajat.
Tapi sakwangsulanipun nek kito mboten anggadahi ilmu, boten saget
ngaji lan mboten belajar lan sekolah, tenggriyo namung klimprak-klimpruk, niku
geh mboten patut, sampun ketinggalan jaman. Solae sakniki mpun katah sekolah,
mpun katah tempat pendidikan . pramilo monggo kito sedoyo tingkataken anggen
kito belajar, pados ilmu ingkang katah. Soho dumateng poro mahasiswa-mahasiswi
IAIN seng gadah adek tenggrio, ojo sampe gadah adek seng mboten purun sekolah,
mboten purun ngaji, mboten purun teng masjid. Keranten tiyang seng taseh alit
niku mboten kenal kaleh ilmu niku geh nyusahaken keluargane. Pramilo panjenengan-panjenengan
niki ing kang sampun ngertos tentang keutamaanipun madosi ilmu adek-adek i di
pun wurugi , lan didik ingkang saestu supados dados tiyang seng berguna kangge
agami , bangsa lan negoro , soho ingkang saget junjung tinggi martabatipun
keluargane. Ingkang cocok dawuhipun kanjeng nabi :
خير الناس انفعهم للناس
Artosipun;
Sak bagus-baguse manungso niku , ingkang manfaat mareng manungso
liyane.
Kulo kinten cukup semanten ature kawulo, mbok bilih wonten
klenta-klentunipun kulo matur, kulo nyuwun pangapunten sak katah-katahipun.
Mangan kupat
Nganggo santen
Nek lia lepat
Nyuwun ngapunten.
اخر الكلام و ب الله التو فق و الهد
ية ثم رضا و الا ناية
و السلا م عليكم ورحمة الله و براكا ته
Tidak ada komentar:
Posting Komentar